Saturday, January 05, 2013

Kabar Basnendar, Kabar Bahagia Untuk Kita Semua


“Para rawuh ingkang kula urmati.  
Panjenengan sedaya kaaturan rawuh ing wekdal menika, inggih boten sanes amargi raos syukuripun bapak Basnendar Heriprilosadoso dhumateng ngarsanipun Gusti, amargi sadangu mangun bale wisma sampun ngajeng-ajeng momongan utawi putra ing dalem kulawarganipun.

Samenika pangajeng-ajeng menika sampun kalampah kanthi tetenger mbobotipun garwanipun, Ibu Evy Widyaningsih ingkang sampun ngancik pitung sasi.

Pramila saking menika Bapak Basnendar Heriprilosadoso sakulawarga nyuwun donga pangestunipun saking para rawuh, supados jabang bayi ingkang taksih wonten padaran menika pinaringan selamet, semanten ugi ibunipun. Lan mugi-mugi anggenipun lair dipun paringi gancar, lancar, sarta selamet kekalihipun.

Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mugia kita sedaya dados tiyang ingkang estu-estu ngabekti dhumateng tiyang sepuh kalih. Semanten ugi, mugi-mugi Bapak Basnendar Heriprilosadoso sakulawarga benjang dipun paringi putra ingkang tansah ngabekti marang tiyang sepuhipun, migunani tumrap nusa, bangsa sarta agami. Amin. 
Cekap semanten saking kawula, minangka panutuping atur. Nuwun.”


Waktu : Senin, 31 Desember 2012.
Lokasi : Perumahan Pokoh Kidul, Wonogiri. 
Acara : Tasyakuran kehamilan tujuh bulan (mitoni). 
Harapan : Semoga keluarga diberi kesehatan, kemudahan, keselamatan dan barokah Allah SWT.

Catatan : Diperkirakan warga baru Trah Martowirono akan lahir ke dunia pada bulan Februari 2013. 
Apakah nanti nama putra/putrinya mengandung kata “febri” atau pun “dwi” ? Kita tunggu saja.
Selamat berbahagia untuk Basnendar dan keluarga.


Wonogiri, 6/1/2013


No comments: