Wednesday, July 04, 2007

Trah Martowirono Dalam Liputan Solopos, 5 Juli 2007




Photo Sharing and Video Hosting at Photobucket


Silaturahmi bisa liwat e-mail

Teknologi komunikasi lan informasi kang wis maju ndadekake petemon trah bisa kalakon sanajan ana warga trah kang dumunung ing nagara manca lan ora bisa teka ing papan patemon.
Mangkono pratelane Bambang Haryanto, warga trah Martowirono, kang pidalem ing tlatah Kabupaten Wonogiri. Bambang kang kondhang minangka warga pakumpulan Epistoholik Indonesia iku, nalika wawanrembug kalawan Espos kanthi sarana layang elektronik utawa e-mail sawetara dina kepungkur, ngendikakake trahe wis wiwit 20 taun kepungkur ajeg nggelar patemon setaun sepisan.

“Nalika patemon trah Martowirono taun 2003 ana kakang ipe ponakanku kang dikontrak bebadan Perserikatan Bangsa-Bangsa minangka konsultan pertanian ing Kamboja ora bisa teka. Taun 2003 iku patemon trah kagelar ing omahku, Kajen, Wonogiri, tanggal 27 November 2003,” pratelane Bambang.

Kanggo ngawekani, Bambang banjur nguripake komputer kang wus kasambung kalawan Internet. Kakange ipe ponakan kang dumunung ing Kamboja samono uga. Sawise bisa sesambungan kanthi srana Internet, wusanane kakange ipe ponakan kang dumunung ing Kamboja iku bisa melu meruhi acara patemon trah. Suwalike warga trah kang nembe nglumpuk ing Kajen, Wonogiri, uga bisa mangerteni kahanan kakange ipe ponakan kang ana ing Kamboja iku.

Ing saben patemon trah kang kagelar setaun sepisan iku, miturut Bambang, akeh acara kang kagelar. Ana acara kang sipate seneng-seneng yaiku nggelar kagunan saka warga trah dhewe, nggelar bedhekan kanthi bebungah kang nyenengake, ular-ular saka warga trah kang dituwake, lan ana uga acara kang sipate sosial.

“Acara sosial iku awujud nglumpukake dana minangka kas trah. Dana kang nglumpuk ora kena dijupuk kajaba kanggo mbiyantu warga trah kang nembe ketaman reridhu. Malah ing patemon trah sawetara taun kepungkur, dana kang nglumpuk banjur kanggo mbiyantu sawijining tlatah ing Wonogiri kang kangelan golek banyu resik,” pratelane Bambang.

Trah Martowirono dhewe, miturut Bambang, mujudake trah kang asumber saka Mbah Martowirono. Ing kulawargane Bambang, Mbah Martowirono iku urutane saka garis ibu. Mbah Martowirono kang lair ing Kedunggudel, Kenep, Sukoharjo.

Ing kalodhan laya, warga Ngoresan, Jebres, Solo, Iqbal Wahyu Purwito, mratelakake patemon trah pancen prasast kayadene njaga uripe obor kulawarga. Obor ing kene ateges pepadhang kang tuwuh ing kulawarga amarga saka rakete paseduluran. Rakete paseduluran merbawani tuwuhe rasa entheng mbiyantu sedulur liyane kang nembe nandhang rubeda. (pra.).


tmw

No comments: